Kangmas, apa awakku oleh takon ?
Apa kowe kuwi titisane Janaka ?
Tokoh sing terkenal bagus lan kaleme
Nganti akeh bocah wadon kecanthol
Garwane ra trima siji
Kuwi sing dak wedeni
Kangmas, yen kowe Janaka
Aku dak dadi Srikandine ya ?
Nadyan dudu siji sijining wanita kang kok tresna
Aku tetep dadi wanita sing paling kok perjuangke
Kangmas, aku samar
Apa kowe pancen titisane Janaka ?
0 komentar:
Posting Komentar