Rabu, 01 Juli 2015

MAK SUM DAN KRECEKAN AREK-AREK

Gawe arek-arek sing omahe nang sak ubekke Mojosari, Mojokerto. Wis jelas ngerti sing jenenge Terminal Lawas. Lha nang njero Terminal Lawas iku rek, onok warung tersohor sing wis menjalin hubungan bilateral karo warung luar negeri. Warung iki warung kopi sing jenenge Warkop Mansyur, ngerti gak koen ? Nek gak ngerti yo berarti kebacut. Nek jarene arek nom saiki, dolenmu kurang adoh, molehmu kesore'en. Tapi gawe catetan, lumrah nek sing gak ngerti iku arek wedhok ta arek sing omahe diluar Mojosari. Saiki yo mosok masuk akal onok arek wedhok sobo kopi pinggiran sing notabene-ne murah? Yo jelas gak onok, gak kiro'o pisan gelem. Njaluke paling yo minimal cafe-lah, dadi nek pas upload foto nang sosmed cek gak ngisin-ngisini. Tapi asline unik lho nek arek wedhok gelem sobo warung kopi pinggiran murah, iku tandane arek wedhok iku maeng mindset'e wis kebukak, gelem srawung karo sing jenenge realita, koyoko Nopita utowo Mega (Sebut saja dia Rondo), lha mereka gelem sobo warung kopi toh, dolen nang warung kopi tidak membuat obral harga diri kan? Asalkan pada konteks-konteks tertentu sing ancene positif.

Mbalek neh nang persoalan Warkop Mansur, nang kunu onok salah satu pramusaji bekas model cat walk (Kucing jalan) pada salah satu majalah dewasa FAM. Sebut saja wonge jenenge Mak Sum, onok sing nyeluk Buk Sum, onok sing nyeluk Yuk Sum. Pokoke panggilan orang perempuan opo ae gak popo, asalkan jangan menghilanhgkan unsur 'Sum'. Isok Tante Sum, Mami Sum dan masih banyak lagi.

Dadi tulisan iki menyajikan ringkasan peristiwa krecek-krecekan antara Mas Pur ft Bekicot vs Mak Sum nang Warkop Mansur, sing pramusajine iku Mak Sum. Soale de'e kebagian shift isuk sampek sore. Tanggal 1 Juli 2015, awan jam sewelasan, arek-arek nglumpuk. Onok akeh, Telo, Toha, Sepur, Adit, Gabob, Puat, Gepeng, Hanip dan Rangga.

Pas iku, Mak Sum posisi leyeh-leyeh. Kepegelen paling mari ngudek perasaan sing wis pegel nyervis wong pesen ngombe. Arek-arek jek lagi seriua guyon, guyone gak karu-karuan dan terkesan kejam. Nek onok salah siji arek sinh ngomong terus gak lucu, arek iku langsung dikongkon moleh, tapi yo mek guyon ae. Maringunu gak koro-koro Mak Sum njengkelat tangi, koyok wong mari "diapak-apakno", motone cowong, wonge ngadek terus nyandak sapu. Gak athek konfirmasi moro nyapu-nyapu, beleduge gak masyaallah. Saking nemene, nek ndelok raine Toha isok diarani singkek. Saking kandele bledug. Rangga gak terimo, cangkeme yang indah memberikan nasehat bermutiara, "Yo opo rek, jek onok arek ngopi tambah sapu-sapu. Gak goblik a!"
Mak Sum gemes karo cangkeme Rangga, gak kesuwen cangkeme Rangga dilumat habis bibire Mak Sum. Maringunu, Mak Sum ndeleh sapune, sapune gak koro-koro logor, sing Ranggane ngilingno, "Mak Sum, iku lho sapune logor." Dibenakno karo Mak Sum.

Mak Sum mlaku nang nggon kulkas, Mas Pur nyelethuk, "Mak, mbok tuek iku ngerti tueke, bokong ae kathek dikek'i tutupe blek !". Mak sum bingung, tolah-toleh, nggrabak klambine, terus mbales Mas Pur, "Silitmu gembuk ! Bokong asli iki !". Mas Pur jenenge wong ludruk, yo jelas seneng nek onok tanggapan, "Mbok tuek-tuek iku sing alim, dasteran tah jubahan ngunu lho, gak pateng pecothot koyok ngunu klambine iku !" Sing Mak Sum grabak awake terus ngguyu dhewe, "Lho, iyo ta?"

Begitulah penggalan kisah kopine arek-arek nek wayah ngopi. Kabeh sing nang penggalan cerito iku maeng mek penggalan thok, nek pengen ngerti asyike, gabung ae karo #ProSa. Tua muda tak ada sekat dalam canda, asalkan iso njaga batasan-batasan tertentu, yo opo carane cek gak sampek ndemek ati.


Tulisan ini tribute pada
MAK SUM
Yang sebentar lagi pensiun dari profesi pramusaji Warkop Mansyur karena harus merawat cucu.
Semoga harapannya dapat tercapai


Related Posts:

  • MALAM PUNCAKMemperingati Harlah 1st. Pada tanggal 30 Januari 2016 mulai pkl.16.00-22.00 di Gedung Kesenian Disporabudpar Mojokerto, Pergerakan Kebudayaan ProstitusiSuara mempersembahkan Parade Seni. Dengan htm.15K atau anda bebas dari bi… Read More
  • Catatan 1Ada banyak yang tidak saya mengerti Kebanyakan tersebut terletak pada lingkaran-lingkaran saya sendiri. Semakin keras usaha saya untuk mengerti sesuatu, selalu sesuatu itu semakin dalam dan dalam. Pada akhirnya saya coba unt… Read More
  • BERTERNAK PURNOMOAda satu hal yang sampai saat ini sulit dilakukan oleh orang-orang yang sudah berumur dan memiliki adik, entah adik kelas ataupun adik karena anggapan. Kesulitan itu adalah, menjadi seakrab mungkin, sedekat mungkin tanpa meni… Read More
  • SEBUAH RUMAHEntah apa yang telah kami perbuat, baik atau burukkah sebenarnya keberadaan kami bagi masyarakat, Mojokerto khususnya. Kami juga belum meningkatkan kualitas 'harapan' kami untuk menjadi 'doa'. Selama ini jarang muncul sebuah … Read More
  • ALLAHU'AIDS Pada era gegap gempita akan informasi, teknologi, dan komunikasi saat ini, fungsi-fungsi dari Tuhan benar-benar telah hampir sepenuhnya manunggal dalam setiap sendi kehidupan manusia. Manunggal dalam kebutuhan-kebutuhan poli… Read More

2 komentar:

  1. Wuaha. Gini ya kalo wong luhur budhi senine wis nulis.
    *jambrett aku pale ngefens karo Mak Sum.

    BalasHapus
  2. Yo ngefans.o Zend. Nek pengen ngefans tak gawekne KTA... hahaha

    BalasHapus