Deres toya kali
Gumantung ing wewatuan cilik
Tumumpak nindih kasunyatan
Ambeta wewulang tresna jaman semana
Srengenge tiba ing pucuk rahina
Tumekane kangen ora isa dinyana
Mung ana sakpaningal ngenani kuwi
Aja kur maca ning tiliki titi anggone kersaning rasa
Iki wigati
Aku kudu mlumpat saka panggonan oncat
Madhep ing ngarep tejamu
Lan mangucap tan silap
Iki wigati
Kudu tak remet pangimpenku
Mentah-mentah tak mamah
Ben isa dadi nyatane kahanan
0 komentar:
Posting Komentar